aku di Flickr

Jumat, 09 Desember 2011

Harjuna

Permadi bukan Hardi
Harjuna iku putra angka telune prabu Padhudewanata ing negara ngastina karo Dewi Kunthi. Tata lahir Harjuna putrane Pandhu, nanging sejatine titisane (putrane) Bhatara Indra.
Sebutan liyane yaiku Janaka, permadi/Pamadi, Dananjaya, Indratanajaya, Palguna, Jahwani, Kembang Ali-ali.
Janaka duwe watak ngrapyak, solah bawane sarwa sareh, sneng tetulung. Sanajan kondhang kdigdayane, ora seneng pamer, malah kepara seneng tirakat. Ancase kanggo ngurangi hawa nepsu sing ala lan bisa nggayuh ancas kang luhur.
Kasatriyane Madukara. Piandele yaiku pusaka keris Pulanggeni, Panah Pasopati, Panah Sarotama, Keris Kalanadah.
Aji-ajine yaiku aji Panglimunan utawa malaya bumi, seipi angin. Dayane aji panglimunan bisa manuhi alam kajiman. Dayane aji seipi angin, Harjuna bisa mlayu bantere kaya angin.
Harjuna iku rupane bagus, kondhang dadi lelananging jagad, mula akeh putri kepranan lan dadi garwane, umpamane Wara Sembadra, Srikandi, Larasati, Dewi Dersanala, lan liya-liyane. Satemene garwane Harjuna isih akeh, maneh, malah uga bisa rabi Dewi Supraba ing kahyangan. Putrane uga akeh, bagus-bagus lan tindake utama utawa becik. Iku mau mung minangka pralambang kalamun. Harjuna dhemen nandur kautaman, mula uga awoh kautaman.
Harjuna tau dadi jagoning dewa, nalika mateni Prabu Niwatakawaca. Nalika iku Harjuna tapa ing gunung Indrakila aran Begawan Ciptaning. Kabeh Dewa lan Widadari kadhawuhan nggoda marang sang Begawan, nanging ora bisa hasil njugarake tapane. Mula antuk nugraha saka dewa Brahma, diparingi Dewi Dersanala, banjur peputra Bambang Wisanggeni. Ing pertapan iku uga Harjuna antuk nugraha panah pasopati. Harjuna munggah ing kahyangan, Nwatakawaca mati ketaman panah pasopati. Harjuna diparingi nugraha Dewi Supraba lan dadi ratuning dewa sanajan mung sauntara dina.
Ing perang Bharatayuda Harjuna dadi senopati Pandhawa ngadepi Basukarna. Harjuna numpak kreta dikusiri Prabu Kresna. Nalika gelunge kena panak Karna, Harjuna nglokro ora gelem maju perang, karo maneh sing diadhepi sedulur tuwa (nunggal ibu). Kresna waspada minangka jejering Wisnu paring wewarah kaprajuritan marang Harjuna. Harjuna bangkit, Karna keno panah Sarotama mati sanalika.
Sauwise jumeneng Prabu Parikesit (putune Harjuna). Harjuna sedulur lelana. Ing pinggiring samodra, Harjuna ketemu Dewa Agni (Brahma), dawuh supaya kabeh gegamane dibuang ing samodra. Sawise nindakake dhawuhing Dewa, mbacutke laku. Ing segara wedhi Harjuna mati sumusul adine, Nakula Sadewa.

sing ngetik  : hardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar